Rabu, 03 Agustus 2011

KBJ kanggo apa ?

          Bang- bang wetan wiwit katon semburat, pratanda yen Kongres Basa Jawa 5, bakal kagelar. Kang kajibah wiwit gumregah tumandhang gawe, nyamektakake kabeh ubarampene. Ginelar sarasehan, seminar, rapat koordinasi lan sapanunggalane.Digelar ing papan-papan kang nyukupi mungguhe syarat-syarat "kenyamanan Kerja", amarga samubarange kabeh cumepak, umpamane ing hotel-hotel. Sing ndherek lan kaundang saka kabeh lapisan, ana para winasis ing babagan ilmu seni budaya, basa lan sastra, para praktisi/seniman, sastrawan/penulis/guru, uga para sutresna. Rinasa jangkep lan mantep, semangat bali gumregah, ide lan gagasan terik ngrembaka ing pasamuan, rekomendasi - rekomendasi tinata tharik-tharik. nanging nalika rampung pasamuan sanggan kang kagawa mulih malah ora enteng, tambah abot, lan ngebaki dhadha. pitakon kang padha lan ora nate kajawab, yaiku KBJ iki kanggo apa?
          KBJ 1 nganti KBJ 4 ana rekomendasi meh kabeh padha lan durung ana jluntrunge, saiki wis KBJ 5. Basa lan sastra Jawa, tambah suwe tambah kaya pithik trondhol mati ing pedaringan.Para sastrawan jawa padha bengok-bengok karyane ora dianggep, ora ana sing gelem maca, ora ana sing gelem nerbitake. Penerbit ngendi sing gelem nerbitake, yen tundhone ora payu dole, sapa sing gelem maca, wong padha ora ngerti basane, saka ngendi ngerti basane yen wong tuwane, masyarakate ora migunakake basa jawa sing trep/pas, piye anggone bisa ngetrepake lan ngepasake anggone migunakake basa jawa yen ora ana sing mulangi lan nuladhani. Sekolah pinangka sentere pamulangan, kanthi maneka warna pawadan lan kepentingan ora menehi jam pelajaran kanggo basa jawa kaya rekomendasine KBJ 1 nganti KBJ 4. terus sapa sing nduweni tanggung jawab kanggo perkara kuwi?   (wong bingung.com)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar